By Arif Baharudin
Iki temenan yo rek… kisah nyata jaman semana.
Aku duwe kanca arek Manajemen, kost nang sekitar IAIN. Areke guaya, necis, ala playboy Cap Dua Kelinci…. Onok arek rada bening sithik, langsung masuk radar dia. Termasuk cewek sebelah kost-e let telung omahan.
Wektu iku malam Minggu, dheke pas entuk silihan Hardtop Kanvas duweke Paklik-e nek nggak salah. Wiwit sore wis ribut ae, mobil dipanasi, adus barang, padahal biasane nggak…. Klambine disetliko mlipis… sampe njalok parfum kamar sebelah.
Bar maghrib, wis tepak kabeh. Starter mobil, pamit atene ngapel nang tangga sebelah. Jarene arep ngajak metu, mangan nang njaba. Sangune ngutang nang kancane sing arek Akuntansi, sak daerah. Kabeh konco2 ngawasi penuh kekaguman… luar biasa pede arek iki.
Nhaaa…. Nggak sampek seperempat jam, aku krungu mobile mundur mbalik…
*bremmm…. breeemmm….Munduurrr,*
langsung masuk plataran kostan maneh… areke metu ka libom. Sing budhale sumringah, iki ketara pucet, kucel…..
Tak takoni, “Kok mbalik, rek…?”. Jawabe singkat, *“Ditolak Paaaaaakk”*😭🙈.
👉 Kembali ke Daftar Cerita Kocak